Lirik Tragedi Tali Kutang

Atas permintaan dari Sky Tampan (???????) ku postinglah ini

“Tragedi Tali Kutang”

Dek biyen wis tak tukoke
wujud tali sak kotange
saikine lha kok ilang sak slirane

Lungo menyang endi
tanpo pamit ra ngabari
opo lali, kowe karo aku iki

Nadyan regane ‘nem ewu,
kuwi wujud katresnanku
Jare kowe melu aku
lha kok mlayu

Opo kurang larang,
pungkasane kowe ilang
Neng endi aku nggoleki
tali kutang…

Iki mas taline tak kondurake
Ngerso bapak ra ngeparengake
Aku dijodoke malah karo priyo seje
Wis cukup, mung semene wae

Duh kangmas Anton Basuki
aku ora bakal lali
Yen Gusti ngeparengake
mesti bali

Tali kutang iki
tak simpen tekane pati
tali kotang saksi tresnaku kang suci

4 thoughts on “Lirik Tragedi Tali Kutang

Leave a comment